Cerkak( Lurah Sodrun)
1. Pengarang : A. S. Yasman 2. Penerbit : Panjebar Semangat 3. Tahun terbit : 2013 4. Tempat terbit : Surabaya 5. Rangkuman : Jenenge sing asli wiwit cilik Sunarto, meh ngembari asmane Sunarko Budiman sing ngesuhi sanggar sastra Triwida. Tangga teparo marabi dheweke Narto Sodrun, ana uga sing nyeluk Narto gemblung awit nduweni pakulinan kang ora lumrah. Contone wis anak-anak ngancik mlebu SMP Narto isih seneng dolanan kenekeran lan layangan. Nganti saiki dadi lurah meh setaun warga kampung yen ngundang utawa sapa aruh ya njangkar, ora ngundang jenenge seng asli. Dipilih dadi lurah kanggo nggenteni kelungguhane bapake sing wis kapundhut gusti. Sadurunge lungguh dadi lurah, nalika kampanye kabeh ngumandhangake misi lan visine kanggo narik simpati masyarakat lan golek dhukungan supaya bisa kasil menang. Ing sela selane keplok mawurahan saka para tamu undangan, Darpo sing melu teka ngacungake drijine. Percuma mbayar pajeg saben taun yen wis nglumpuk ...